Welcome                                       to my life   :-)                                                                                                                                                                                                                 v

...~Tito~...'s posts with tag: urip bebojoan

What are tags? You can give your posts a "tag", which is like a keyword. Tags help you find content which has something in common. You can assign as many tags as you wish to each post.
View posts by people in your network with tag urip bebojoan
Blog EntryPurikAug 6, '07 10:09 PM
for everyone

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki

"Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o".

 

"Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! " jare Sumar

muring-muring.

 

"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding

po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh.

 

"Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!! " jare Sumar ambek

menteleng.

 

"Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno

pisan po'o cak.."

 

"Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!! "

Sumar tambah mangkel.

 

Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omah

koncone.

 

Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang.  Pas wisuh ndhik jeding

banyune yo wis gak amber maneh.

Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.

 

Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.

 

"Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko.  De'e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku purik.  Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito.

 

"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.

 

"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de'e " jare

bojone.

 

"Lha terus kon nggawekno roti opo..? " Sumar takok maneh.

 

"Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!..."

Blog EntryBakul BakwanAug 6, '07 10:08 PM
for everyone

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.

"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.

"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Srondhol.

 

Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.

 

Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.

"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare cak Srondhol.

 

Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.

 

Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.

"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Srondhol.

 

Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.

Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.

 

Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.

"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Srondhol.

 

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."


Blog EntryBabaranAug 6, '07 10:08 PM
for everyone

Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino.

Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak So sing isok mindahno

lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.

Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.

Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.

 

Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong

babaran. 

Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik. 

Ambek Wak So, Turkan sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan

amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.

 

Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing wis

tambah mules.

Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas.  Wak So bingung, cik kuate arek iki. 

Malah Turkan njaluk ditambah maneh lorone.

Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.

Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas. 

Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek telung

prapat.

 

Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.

Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik.

Jarene Turkan, "Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas".

 

Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik Turkan kabeh.

Gak sui ngono bayeke langsung lahir.

Bojone Turkan ketok seger mergo gak loro blas, bayeke yo seger, Turkan yo

sik isok mesam-mesem.

Ambek Wak So, Turkan disalami, "Hebat awakmu nak".

Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.

 

Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake wis

mati .....


Blog EntryMulih GasikAug 6, '07 10:07 PM
for everyone

Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon. 

Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.

 

Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan

ngono wis amblas.

Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok. 

"Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan pisan" jare Munawar.

 

Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih.  Langsung ae arek telu iku

melok amblas.

 

Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.

 

Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.

 

Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar. 

Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone. 

Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget. 

Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagi turu ambek bosse. 

Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.

 

Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, "Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe".

 

"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Munawar.

 

Kelik thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!.  Kapok aku".

 

"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.

 

"Soale wingi aku meh konangan.."


Blog EntryRp. 200,000Aug 6, '07 10:06 PM
for everyone

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.

 

"Kulo nuwun.  Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?" jare tamune.

 

"Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak.." jare bojone Cak No.

 

Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih.

"Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi

pisan''  Kusen mulai ngerayu.

 

"Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan" jare bojone Cak No.

 

"Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh.  Lek aku oleh sun pipi sampeyan

pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken" jare Kusen ambek ngetokno seket

ewuan loro.

 

Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh jamane krismon lak lumayan tah.

 

"Yo wis, tapi diluk ae yo".  jare bojone Cak No.  Mari ngesun, Kusen

ngekekno dhuwike. 

 

"Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone.  Lek oleh ngesun

sitoke, tak kei satus ewu maneh" jare Kusen.

 

Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau.  Mari

ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh. 

Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan cak... gae bonus", jarene.

 

Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.

 

Gak sui, Cak No mulih.  "Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol.." bojone cerito.

 

"Oh iyo pancen mbethik arek iku..  Jarene kate nyaur utang rongatus ewu, wis

dibayar tah ?."


Blog EntryKaspo thok ! ! !Aug 6, '07 10:05 PM
for everyone

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.

Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.

Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.

 

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku.  Aku njaluk wedhakmu sithik." jare Sudjak ndhik bekas pacare.

 

Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

 

"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?" bojone mulai purik.

 

"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih" jare Sudjak.

 

"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!" jare bojone Sudjak.

 

Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.

 

"Kaspo thok . .!!!  Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!"


© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help