Welcome                                       to my life   :-)                                                                                                                                                                                                                 v

...~Tito~...'s posts with tag: suroboyoan

What are tags? You can give your posts a "tag", which is like a keyword. Tags help you find content which has something in common. You can assign as many tags as you wish to each post.
View posts by people in your network with tag suroboyoan
Blog EntryPurikAug 6, '07 10:09 PM
for everyone

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki

"Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o".

 

"Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! " jare Sumar

muring-muring.

 

"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding

po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh.

 

"Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!! " jare Sumar ambek

menteleng.

 

"Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno

pisan po'o cak.."

 

"Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!! "

Sumar tambah mangkel.

 

Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omah

koncone.

 

Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang.  Pas wisuh ndhik jeding

banyune yo wis gak amber maneh.

Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.

 

Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.

 

"Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko.  De'e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku purik.  Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito.

 

"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.

 

"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de'e " jare

bojone.

 

"Lha terus kon nggawekno roti opo..? " Sumar takok maneh.

 

"Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!..."

Blog EntryBakul BakwanAug 6, '07 10:08 PM
for everyone

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.

"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.

"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Srondhol.

 

Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.

 

Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.

"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare cak Srondhol.

 

Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.

 

Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.

"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Srondhol.

 

Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.

Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.

 

Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.

"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Srondhol.

 

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."


Blog EntryBabaranAug 6, '07 10:08 PM
for everyone

Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino.

Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak So sing isok mindahno

lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.

Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.

Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.

 

Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong

babaran. 

Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik. 

Ambek Wak So, Turkan sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan

amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.

 

Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing wis

tambah mules.

Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas.  Wak So bingung, cik kuate arek iki. 

Malah Turkan njaluk ditambah maneh lorone.

Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.

Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas. 

Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek telung

prapat.

 

Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.

Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik.

Jarene Turkan, "Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas".

 

Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik Turkan kabeh.

Gak sui ngono bayeke langsung lahir.

Bojone Turkan ketok seger mergo gak loro blas, bayeke yo seger, Turkan yo

sik isok mesam-mesem.

Ambek Wak So, Turkan disalami, "Hebat awakmu nak".

Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.

 

Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake wis

mati .....


Blog EntryMulih GasikAug 6, '07 10:07 PM
for everyone

Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon. 

Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.

 

Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan

ngono wis amblas.

Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok. 

"Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan pisan" jare Munawar.

 

Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih.  Langsung ae arek telu iku

melok amblas.

 

Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.

 

Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.

 

Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar. 

Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone. 

Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget. 

Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagi turu ambek bosse. 

Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.

 

Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, "Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe".

 

"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Munawar.

 

Kelik thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!.  Kapok aku".

 

"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.

 

"Soale wingi aku meh konangan.."


Blog EntryRp. 200,000Aug 6, '07 10:06 PM
for everyone

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.

 

"Kulo nuwun.  Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?" jare tamune.

 

"Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak.." jare bojone Cak No.

 

Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih.

"Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi

pisan''  Kusen mulai ngerayu.

 

"Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan" jare bojone Cak No.

 

"Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh.  Lek aku oleh sun pipi sampeyan

pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken" jare Kusen ambek ngetokno seket

ewuan loro.

 

Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh jamane krismon lak lumayan tah.

 

"Yo wis, tapi diluk ae yo".  jare bojone Cak No.  Mari ngesun, Kusen

ngekekno dhuwike. 

 

"Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone.  Lek oleh ngesun

sitoke, tak kei satus ewu maneh" jare Kusen.

 

Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau.  Mari

ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh. 

Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan cak... gae bonus", jarene.

 

Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.

 

Gak sui, Cak No mulih.  "Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol.." bojone cerito.

 

"Oh iyo pancen mbethik arek iku..  Jarene kate nyaur utang rongatus ewu, wis

dibayar tah ?."


Blog EntryKaspo thok ! ! !Aug 6, '07 10:05 PM
for everyone

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.

Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.

Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.

 

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku.  Aku njaluk wedhakmu sithik." jare Sudjak ndhik bekas pacare.

 

Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

 

"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?" bojone mulai purik.

 

"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih" jare Sudjak.

 

"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!" jare bojone Sudjak.

 

Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.

 

"Kaspo thok . .!!!  Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!"


Blog EntryMbah JoAug 6, '07 12:12 AM
for everyone

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit.  Jare doktere asmane wis kronis, irunge

sampek dipasangi selang.

Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.

 

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.

Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok

ambekan, raine pucet, tangane gemeter. 

Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.

 

Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen.  Ambek

megap-megap, mbah Jo nulis surat.

Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine. 

Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin.

Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.

 

Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat.  Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.

 

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.

Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik

sing digawe pas mbah Jo mangkat.

Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku

rek, pikire pak Mudhin.

 

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak

sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh.  Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".

 

Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..

 

HE.. NGALIO DHIN !!!  OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!


Blog EntryJinAug 6, '07 12:12 AM
for everyone

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit

asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.

Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole

dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.

 

"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare

jine.

 

"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan

sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki

ambek jin" jare Kayat.

 

"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin

apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.

Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.

Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.

 

"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!.  Sing pertama, aku

kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat

 

"Meremo dhiluk.." jare jine.  Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe

Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.

 

"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.

 

"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." jarene Kayat.

 

"Meremo dhiluk.." jare jine.  Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang

njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.

 

"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing

temenan cik gak getun" jare jine.

 

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku kepingin kulitku malih

putih wudho dirubung wong wedhok akeh".

 

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.

 

Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis

dhadhi tahu. . .


Blog EntryArgowilisAug 6, '07 12:11 AM
for everyone

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.

 

Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an.  Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.

 

Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar

20an.

 

Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo

tanda jasane.  Pokoke berwibawa, umure 50an.

 

Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.

 

Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. 

Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol.  Wong papat iku malih meneng kabeh. 

 

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong

dikaplok PLAK..!!!. 

Wis mari ngono sepi maneh.

 

Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok

menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".

 

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,"Gak salah tah, sing ngesun mau

iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".

 

Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok

mbatin pisan,"Jangkrik,  gak melok ngesun tapi kenek kaplok.  Dikiro aku

pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".

 

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan,"Kapan maneh rek,

isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe".


Blog EntryAvturAug 6, '07 12:10 AM
for everyone

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat.

 

Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.

 

"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.

 

"Wah iyo tepak iki.  Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?" jare

Joko.

 

"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah

?" Uwar mulai gunggungan.

 

Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.

Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.

 

Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.

Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.

 

"Yok opo kon War..?" jare Joko

 

"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.

 

"Awakku yo sueger pisan.  Kon gak teler tah ?" jare Joko.

 

"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak.  Mene nyobak maneh tah ?" jare Uwar.

 

"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko.

 

"Dhurung.." jare Uwar.

 

"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak

kuatmu. ." jare Joko.

 

"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.

 

"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."


Blog EntryLobangAug 6, '07 12:10 AM
for everyone

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.

 

"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.

 

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.

Sui gak onok suorone blas...

 

"Whuik jerune...," jare Sakri

 

"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.

 

Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.

Sepiii gak onok suorone....

 

"Whuik jerune...," jare Sakri

 

"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.

 

Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.

Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.

Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...

 

"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri

 

Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.

Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.

 

Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.

 

"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'',

takok Wak Dri.

 

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare Nasip.

 

"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur "


Blog EntryNgentutanAug 6, '07 12:09 AM
for everyone

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.

 

"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.

 

Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.

Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut.  Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti.  Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.  Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu.  Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".

 

"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki.  Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.

 

Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.

 

"Wis enakan tah ?" takok doktere.

 

"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok

ambune malih bosok gak karuan.  Sampek kudhu nggeblak aku.  Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.

 

"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh.  Saiki tebusen resep iki

yo" jare doktere.

 

"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.

 

"Obat kopok.."


Blog EntryRasa Stroberi tah . . .?Aug 6, '07 12:08 AM
for everyone

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

 

Sing pertama maju anake pedagang bunga.  Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek,

"Isine kembang yo....". 

 

"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.

 

Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang.  Ambek bu gurune kadone

dikocok-kocok.  Wah iki rodok angel mbedheke, pikire. 

"Isine permen yo...". 

 

"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.

 

Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim.  Pas kadone diangkat, dhadhak netes.  Ambek bu gurune tetesane diincipi. 

 

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.

 

"Salah..." jare areke.

 

"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.

 

"Salah .." jare areke.

 

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku"  takok bu gurune.

 

"Isinya anak anjing kok bu guru..."


Blog EntrySalesmanAug 6, '07 12:06 AM
for everyone

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.

 

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.

 

Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."

 

Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".

 

"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.

 

"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."


Blog EntryGuyon SuroboyoanAug 6, '07 12:04 AM
for everyone

Derek-derek sedoyo,

 

            Pancene wis diakoni lek arek Suroboyo iku mbanyolan, gak ndhik omah, tandhang gawe utowo cangkruk.  Lha banyolan sing onok ndhik buku iki asale yo seko ngrungokno omongane konco-konco, sanak kadhang lan tonggo teparo.  Embuh mbujuk opo temenan aku yo gak njamin, sing penting lucu yo tak catet.  Banyolan-banyolan iki yo wis tau disebarno ndhik mailing list Suroboyoan pimpinan Cak Mujaya Kertadi. 

 

            Buku iki dibagi dhadhi papat bagian.  Bagian pertama iku isine cerito-cerito khayal. 

Ceritone gak masuk akal tapi sing penting lucu.  Bagian kedua isine banyolan wong urip rumah tangga.  Peno sing wis rabi koyoke kudhu moco iki, cik gak dibujuki ambek bojo sampeyan.  Sing bagian ketiga iku isine cerito Wonokairun ambek Bunali.  Wonokairun iku wonge masio tuwek tapi mbethik gak gelem kalah ambek Bunali.  Lek sampeyan tau ngrungokno acara Trio Buluru Radio Susanna, mungkin kenal ambek Wonokairun.  Sing terakhir iku bagian papat sing nyeritakno keluarga Pak Imron sing ndhuwe anak wedho ayu jenenge Romlah.  Keluarga Imron iku kiro-kiro nggambarno keluarga rata-rata wong Suroboyo sing biasane isine guyon thok.

 

            Umpomo sampeyan isok ngguyu moco buku iki, aku yo melok seneng.

 

 

Suwun

 

Budhi Santoso


© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help